Ngalamate Sato Sikilpat lan Sato Iwen Yen Mlebu Pekarangan, Mat Suking

Ngalamate Sato Sikilpat lan Sato Iwen Yen Mlebu Pekarangan


1 . Yen asu liar melebu pekarangan, kang mantjala Batara Darma, bakal rejo banget desane, sedekahe daging kebo lan sapi  arta sarejal .Jen ora sidekah bakal pengeblung lan larang pangan.

2 . Jen tjeleng lumebu pakarangan,kang mantjala Batara Sadana,bakal murah beras pari nagarane.Sidekaha klambi wulung,iket putih (lawon),arta sarejal.Jen ora sidekah bakal katekan bentjana.

3 . Jen matjan lumebu pakarangan,kang mantjala Batara Singadjalma,bakal katekan mungsuh,sidekaha daging kebo,sapi,wedus lan arta 5 rejal.Jen ora sidekah bakal susah nagarane.

4 . Jen katjil iumebu pakarangan,kang mantjala Batara Panjarikan,kang duwe pakarangan,arep pinilala (kanggep) wong agung.Sidekaha djenang dodol,djenang sungsum,djenang manggul lan arta 70 duwit.Jen ora sidekah bakal kasangsaja pikire. 

5 . Jen kidang lumebu pakarangan,kang mantjala Batara Pajarikan,kang duwe omah arep pinilala wong agung,sidekaha sega punar salawuhane lan arta 2 rojal,jen ora sidekah bakal kapidana.

6 . Jen ketek lumebu pakarangan,kang mantjala Batara Guru,kang duwe omah bakal oleh dradjad keluhuran, sidekaha gedang bjar,gabu,lepeneng,ambon,rodja,klutuk lan arta sarejal,diwehake wong midang.Jen ora sidekah bakal kasusahan.

7 . Jen lutung lumbu pakaragan,kang mantjala Batara Narada,kang duwe omah bakal katekan banda akeh,sidekaha sarupaning kembang pitik klawu lan arta sarejal.Jen ora sidekah bakal kesusahan.

8 . Jen ula lumebu eng omah,kang mantjala Batara Basuki.kang duwe omah bakal sinujudan wong akeh lan kadjen keringan. sidekaha beras lan amping sarta arta sarejal.Jen ora sidekah bakal kesusahan.

9 . Jen manuk gagak mentjok sanduwuring omah ora muni,kang mantjala Batara Baruna,kang duwe omah apa kabutuhane ditjukupi dening wong lijo.sidekaha daging kerbo lan arta sarejal.Jen ora sidekah bakal wurung.

10 . Jen ana manuk djalak mentjok sanduwuring omah,kang mantjala Batara Brama,kang duwe omah bakal dadi matri sidekaha djarik sakebar (salembar),lan arta sarejal.Jen ora sidekah bakal nandang lara.

11 . Jen manuk engkuk mentjok ing sanduwuring omah,kang mantjala Batara Pritandjala,kang duwe omah arep oleh srama (arta).sidekaha daging keko lan arta sarejal.Jen ora sidekah bakal kangelan.

12 . Jen manuk deruk mentjok ing nduwur omah,kang, mantjala Batara Kala,kang duwe omah bakal nemu babaja pakewuh.sidekaha daging kebo lan arta sarejal.Jen ora sidekah tambah susahe.

13 . Jen manuk rangkok mentjok ing nduwur omah utawa tanduran,kang mantjala Batara Baju,kang duwe omah utawa tanduran arep munggah dradjate.sidekaha djarik sakebar kang apik lan arta sarejal .Jen ora sidekah  bakal dipaeka wong.                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                         Trima Kasih

Related Posts :

0 Response to "Ngalamate Sato Sikilpat lan Sato Iwen Yen Mlebu Pekarangan, Mat Suking"

Posting Komentar